Assalamualaikum warohmatullai
wabarokatuh,
Alhamdulillahirobbil alamin, assolatu wassalamu ‘ala asrofil ambiyai walmursalin,
sayyidina wamaulana muhammadin, wa’ala alihi wasohbihi ajma’in, ‘ama ba’du.
Wonten
ngarsanipun Bapak…… ingkang tansah kinurmatan,
Dhumateng
panjenenganipun Ibu …………… minongko kagungan dalem ingkang kulo hurmati,
Dhumatheng
rencang-rencang ibu –ibu wali murid paguyuban ingkang kawulo hurmati ugi,
Sumonggo kito tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarso dalem
Alloh SWT ingkang sampun paring nikmat dhumateng panjenengan sedoyo
lan kulo, bilih wonten ing wekdal siang puniko, kito waget kempal wonten papan
pepanggihan meniko kanthi wilujeng sehat wal’afiat.
Sholawat soho salamipun Alloh mugi tandah katetpno dhumateng Nabi Agung
Muhammad SAW ingkang tansah katenggo syafaat ipun min Yaumil Hadla Ila Yaumil
Qiyamah, Aamiin Ya Robbal ‘Alamin.
Nyuwun
agunging pangapunten hambok bilih samangkih wonten atur ingkang lepat soho
kirang, trapsilo kulo nyuwun agunging sih samudro pangaksami.
Wonten
mriki kulo kajabah dados pembagi wekdal ingkang badhe kalapmah wonten siang
puniko,
Adicoro
ingkang ongko 1 : Pambuka
Adicoro
ingkang ongko 2 : Mujahadah lan Asmaul Husna
Adicoro
ingkang ongko 3 : Lain - lain
Adicoro
ingkang ongko 4 : Panutup
Ø Gegandhengan wekdal sampun sawetawis,
sumonggo pepanggihan puniko kito bikak kanthi waosan Basmalah sesarengan.
Bismillahirrohmanirrohim..
Mugi – mugi kanthi waosan
basmalah puniko, pinaringan lancar awit awal dumigi akhir.
Ø Adicoro
ingkang ongko 2 inggih puniko Mujahadah, ingkang dipun pimpin Bapak ……………
Katur Bapak ……………… sumonggo.
Matur nuwun dhumateng Bapak ……….mugi-mugi manfaat soho barokahipun
mujahadah kolo wau saget rumentah dhumateng panjenengan sedoyo lan kulo.
Ø Adicoro ingkang ongko 3 inggih puniko
lain – lain, dhumateng Ibu Ketua kulo sumangga aken.
Ø Adicoro
ingkang ongko 4 inggih puniko panutup.
Ananging
sakderengipun pepanggihan puniko dipun pungkasi, kulo minongko pranata coro ing
wekdal puniko bilih kathah kalepatanipun anggen kulo matur, kulo tansah nyuwun
agunging pangapunten.
Sumonggo
pepanggihan puniko dipun tutup kanthi waosan Tahmid. Alhamdulillahirrobbil
‘Alamin..
Wassalamualaikum warohmatullahi
wabarokatuh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar